12 January 2017


Iki gelar kanggo sampean, buk. Ora gawe aku. Patang taun tak tempuh nggur pingin nyawang eseman bahagia mu. Jujur tenan, umpomo sampean luwih seneng aku kerjo, luwih bahagia lek aku duwe duit akeh, aku bakal kerjo. Ning sampean pingin aku kuliah, pingin aku nuntut ilmu lan duwe gelar. Tak lakoni, buk, kanggo sampean.

Ono siji piturutan mu sing lagi tak usaha'ke, buk. Tak usaha'ke demi nyawang esemanmu. Dungo mu ya, buk.

Maka e, kowe2 ki ojo ngongkoni aku rabi ae talah rek. Isek toh. Lek aku mbok takoni 'Gak pingin rabi a?' Yo pingin. Tapi aku luwih pingin nyawang esem e mbok ku iki loh. Bayangno, ngerti aku dinyatakan lulus Sarjana ae ibukku ngucap Alhamdulillah bahagia. Aku durung wisuda padahal (gara2 diundur). Mendah e lek wisuda..

Ngerti ibukku iso bahagia ngunu, rasa e iku Ya Allah Gusti Pangeran..
Rasa e iki mlaku nang Ranu Kumbolo trus Kalimati banjur liwati pasir sampe nang puncak Mahameru.
Mlaku nganti mbrangkang nang puncak Ogal-Agil.
Mlaku mripit jurang sampe puncak Kenteng Songo.
Keselmu ilang seh? Luwe mu ilang se? Ngantuk mu ilang se? Tak jamin, sepersekian detik kowe lali sak sembarang e.
Lek sing gak tau ndaki, bayangno, umpomo kowe kebelet ngentut mari mbok tahan trus mbok tok no 'bruooooott'
Nyawang ibukku bahagia rasa e iku iso berpuluh bahkan beratus kali lipat rasa e nang puncak / ngentut mau..

Wes talah, rabi rabi aku iki tapi yo ra ngerti kapan. Kowe, sing wes rabi, sing duwe anak, opo mulai lair kowe wes ngerti jodohmu sopo? Rabi karo sopo? Tanggal piro? Lahiran dino opo? Jam piro? Kowe lak gak ngerti se?

Mosok iyo aku mari wisuda, kerjo golek duit langsung rabi? Kok cek egois nemen talah aku. Aku gak lali wong tuwo mbelani sarapan sego+uyah gawe nyekolahno. Trus ujuk2 aku rabi, apo eneh aku wedok, pasti kudu manut sak piturut e lanang (bojo).

Aku tak nyenengno ibukku sek. Wes talah, Allah lek wes duwe karep iku, kowe mikir nganti step (ayan) yo ra tutuk. RABI ISO KAPAN AE, TAPI BAHAGIA E IBUKKU IKI LO JARANG. Wes tak pasrahno nang Sing Duwe Daya, aku pasrah ning aku yo usaha. Niat ingsun nyenengno wong tuwo. Lek ono niat, wes talah, InsyaAllah Gusti Allah lak maringi dalan.

0 comments:

Post a Comment

Categories

Blog Archive

Instagram

Popular Posts

Viewers